Tuesday 16 August 2011

Gendoek Siti

Kelingan Siti anake pak sukawi
Bakul dawet kidul SD inpres Wonogiri
Lungo menyang Betawi
Wes telung taun ra bali
Bopo biyung wes nganti wedi
Bingung arepe di goleki menyang ngendi

Siti anake pak Sukawi
Jebul jebul ora lungo nyang Betawi
Krungu-krungu malah nang gang Dolly
Wealah...
Opo yow tenan to cah....

Coba tak telusuri
Aku mangkat marani Siti

Siti anake pak Sukawi
Jebul tenan ono ing dolly
nganggo clana duwur dengkul
punjul limang senti
Rambute lurus koyo artis nang TV

Ealah Siti....Siti...
Biyen gering koyo jiting
Saiki semok lan tambah montog

Ora ngiro ora nyongko
Genduk Siti wes keblinger
Tak jak bali malah ngarani aku keminter

Wealah nduk...nduukk...
gek ndango sadar amergo ndonyo
wes ameh bubar
Ojo mung nuruti napsu
Golek bondo nanging ngedol harga diri
Mesakno bopo lan biyungmu
Nganti loro mikir sliramu

Aku bali tanpo hasil
Adoh-adoh mung adol wirang
Aku kudu kondo opo
Menyang wong tuo mu
Ealah tiii...siiti..

No comments:

Post a Comment